Mula bukane dijenengi Cagunan amerga kang dadi cikal bakal lan bebadra ing wewengkon kono yaiku Ki Coguna lan Nyi Coguna. Manut dongenge para sepuh ing padukuhan Cagunan nalika Majapahit kalah perang mungsuh Demak, akeh para prajurit kang keplayu. Salah sakwijining prajurit numpak prau nurut ilining kali Progo, tekan pinggir alas praune mung muter wae ora mlaku merga banyune ngligeng. Prajurit kang aran Coguna banjur minggir lan percaya menawa lelakon mau mratandani dheweke kudu babad alas ing kono.
Coguna miwiti urip dhewe ing papan kono. Coguna golek iwak kanggo nyambung urip, yen anggone golek akeh diwenehake sedulur tangga papan sing wis sakwetara wektu manggon ing kono. Srawunge kang semanak, andhap asor lan seneng tetulung akeh kang padha urmat. Uripe kajen Warga kiwa tengene yen nyebut Coguna Sunan Ngireng-ireng, amerga saben ndinane Coguna nganggo sandangan sarwa ireng lan tumindake ing pasrawungan kaya tumindake Sunan. Apa maneh menawa sakpejagong akeh kawruh
kabecikan kang dikandhakake. Mula ora mokal wong-wong dha nyebut Sunan Ngireng-ireng.
Coguna ketemu jodo lan urip bebrayan uga ing papan kono nganti tekan sedane. Ki Coguna lan Nyi Coguna disareke i papan kono uga minangka cikal bakal. Mula kanggo pepeling papan kono dijenengi Cagunan.
